Sony Xperia Z3 - Baterei lan pangaturan daya

background image

Baterei lan pangaturan daya

Piranti wis dipasangi baterei. Panggunaan baterei maneka gumantung fitur sing dianggo.

Supaya baterei luwih awet, pertimbangake ing ngisor iki:

Nglacak panggunaan baterei.

Tututi kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei.

Gunakake mode irit daya.
Piranti sampeyan dilengkapi karo fitur Pangirit baterei lan irit daya Android kanggo

nulungi piranti ngurangi panggunaan baterei. Fitur irit daya Android lumaku ing latar

mburi lan sampeyen bisa ngaktifake utawa mateni dhewe mode Pangirit baterei.
Fitur irit daya matesi data latar mburi kanggo ngirit daya, yen ora pengin aplikasi

kepengaruh, sampeyan bisa ngajabakake aplikasi kasebut ing menu optimisasi Baterei.

Panganyaran sistem uga bisa nggowahi mode irit daya sing kasedhiya ing piranti sampeyan.

Ndeleng panggunaan baterei, prakiraan wektu, lan kiyat irit daya

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei. Ringkesan nuduhake persentase baterei lan

prakiraan wektu baterei.

3

Tutul

TAMPILAKE ANGGONAN BATEREI kanggo ndeleng dhaptar fitur lan

layanan sing wis nggunakake daya baterei awit sikulus isi daya trakir. Tutul item

kanggo entuk informasi babagan cara ngurangi panggunaan batereine.

Sampeyan bisa ngatur, ngaktifake, lan mateni mode irit daya saka

Setelan > Baterei.

Ndeleng panggunaan baterei kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Pilih aplikasi lan ndeleng panggunaane liwat

Panggunaan baterei.

Kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei

Kiyat ing ngisor iki bisa mbiyantu ngapiki kinerja baterei:

Ngurangi tingkat pepadhangan layar, deleng

Setelan layar

ing kaca 57.

Pateni Bluetooth®, Wi-Fi, lan layanan panggonan yen ora merlokake fitur iki.

Pateni piranti utawa gunakake mode Pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing

jangkoan jaringane ora ana utawa sithik. Yen ora, piranti bakal bola-bali mindai

jaringan sing kasedhiya, lan iki ngentekake daya.

Gunakake jaringan Wi-Fi tinimbang roaming nalika ing luar nagari. Roaming yaiku

mindai jaringan asal sampeyan lan merlokake tambahan daya baterei amarga

piranti kudu nerusake data karo daya sing luwih akeh, deleng

Wi-Fi

ing kaca 47.

Owahi setelan panylarasan kanggo email, tanggalan, lan kontak, deleng

Nyelarasake karo akun online

ing kaca 53.

Priksa aplikasi sing nduweni akeh panggunaan baterei lan galihake kiyat irit daya

sing kasedhiya ing piranti kanggo aplikasi iki.

Owahi tingkat kabar kanggo aplikasi, deleng

Kabar

ing kaca 30.

Pateni idin andum panggonan kanggo aplikasi, deleng

Setelan aplikasi

ing

kaca 58.

Busak instalan aplikasi sing ora diaggo, deleng

Layar aplikasi

ing kaca 26.

Gunakake piranti tanpa dicekel asli saka Sony™ kanggo ngrungokake lagu. Piranti

tanpa nyekel ngentekake luwih sithik baterei tinimbang spiker piranti.

Wiwiti maneh piranti kala-kala.

Optimisasi baterei

Optimisasi baterei iku mode nyawiji sing mumpuni lan kepenak kang bakal nambah akeh

umur baterei kanthi ngurangi panggunaan baterei nalika ora nggunakake piranti utawa

aplikasi tartamtu.

37

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Iki dikasilake kanthi nangguhake aktivitas jaringan sing mangan baterei, kayata layanan

panggonan, nyinkronake lan mindai Wi-Fi ing latar mburi nalika sampeyan durung

nggunakake piranti ing wektu sing suwe.
Telpon lan olahpesen SMS ora kepengaruh.
Sampeyan ora bisa mateni Optimisasi baterei, nanging bisa ngajabakake kanggo aplikasi

tartamtu.

Ngajabakake aplikasi tartamtu saka optimisasi baterei

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Baterei.

3

Tutul , banjur pilih

Optimisasi baterei. Sampeyan bakal ndeleng dhaptar aplikasi

sing ora dioptimalake.

4

Kanggo nambah utawa mbusak aplikasi saka dhaptar iki, tutul

Aplikasi lan pilih

utawa ora pilih aplikasi saka dhaptar kanggo ngowahi setelan optimisasi.

5

Dhaptar aplikasi sing ora dioptimalake bakal dianyari miturut setelan sampeyan.

Sampeyan uga bisa ngatur

Optimisasi baterei saka menu Aplikasi kanthi nutul .

Pangirit baterei

Pangirit batrei iku fitur sing mumpuni kanggo nambah umur baterei kanthi ngurangi

layanan sing mangan daya baterei. kaya dene kedher, layanan panggonan lan rata-rata

data latar mburi. Sampeyan bisa nguripake kanthi manual, utawa nyetel supaya urip

kanthi otomatis nalika persentase kadar baterei tartamtu wis kagayuh.

Pangirit batrei

pateni nalika piranti sampeyan ngisi daya.

Uripake/pateni Pangirit daya

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

Setelan > Panggunaan baterei.

3

Tutul banjur pilih

Pangirit batrei.

4

Tutul tombol urip-mati kanggo nguripake/mateni. sing katon ing garis status

nalika mode iki aktif.
Kanggo nyetel dadi urip kanthi otomatis tutul

Urupake otomatis lan pilih opsi pilihan.