Sony Xperia Z3 - Nggoleki nomer identifikasi piranti

background image

Nggoleki nomer identifikasi piranti

Piranti sampeyan nduweni nomer ID (identifikasi) sing unik. Ing piranti sampeyan, nomer

iki diarani IMEI (International Mobile Equipment Identity). Sampeyan kudu nyimpen

salinan nomer iki. Sampeyan bakal mbutuhake nomer iki, misale, nalika ngakses layanan

dukungan Xperia™ Care lan prelu ndhaptarake piranti. Kajaba iku, yen piranti sampeyan

dicolong, sawetara panyedia jaringan bisa nganggo nomer iki kanggo ngendhegake

piranti ngakses jaringan ing negara sampeyan.

19

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ndeleng nomer IMEI

1

Copot tutup slot kertu SD.

2

Nggunakake bolpen sing pucuke alus utawa alat liyane sing nyerupani, penet

kertu memori menjero banjur culake kanthi cepet.

3

Tarik kertu memori menjaba kanggo nyopot sakabehe.

4

Lebokake pucuk kuku, utawa barang lancip kaya bolpen, menyang bolongan ing

wadhah label, banjur seret wadhah menjaba kanggo ndeleng nomer IMEI.

Kanggo ndeleng nomer IMEI, sampeyan uga bisa mbukak tombol telpon ing piranti banjur tik

*#06#

.

Ndeleng nomer IMEI liwat setelan piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Status > Katrangan IMEI.